PAGUYUBAN KARAWITAN CINDHELARAS INGKANG DIPUN SEPUHI DENING KI DALANG BONDHAN RIYANTO.KERTODESO MIRIT KEBUMEN JATENG
0 Comments
ADA-ADA GATOTKOCO MABUR (Wayang Raden Haryo Gatotkoco ditaruh di tengah Gawang Kelir masih dalam iringan gendhing Slepeg, setelah dodog suwuk dilanjutkan Ada-ada Greget Saut) : IRIKOTO SANG GATOTKOCO TINON, KINEN MAPAG ARKASUTA, TEKAPIRO KRESNO,.....o........ PARTO MANEHER MUJI KASEKTENIRO, SANG INGUJARAN WANG-WANG SEMU GARJITO.....O......, Pocapan : Lah puniko to warnane Raja Mudho Pringgodani Prabu Anom Gatotkoco, wis ngaglah aneng madyaning alun-alun negari Amarta. Sapa ta dasanamane sang raja muda anom, apeparab raden Garundaya, Bimaputra, Arimbatmaja, Guritno, Kapitan Lumajang Tengah yo Bambang Tetuko. Wus samped anggeniro ngagem busana risang Gatotkoco, apa to busanane? Hangagem Kuthang Hananta Kusuma kwasane sang abagus bisa mlethik tanpa suthang, mabur tanpa elar, bisa ngambah ing dirgantara tan prabeda kaya ing dedaratan. Hangagem Caping Basunanda kwasane yen rikala ngambah ing dirgantara kena panas datan kepanasan, ana udan datan kudanan. Hangagem trumpah pada Kacerma, lungsunge Hyang Anantaboga dadi yen rikala ngambah dirgantara hangungkuli lemah sangar kayu aeng dadi tawa tawi tawaripun. Wenang denucapake Raden Gatotkoco otot kawat balung wesi, sungsum gegala, mata suryokontho, sikute pethel, drijine gunting, dengkul paron lan kringete wedang jahe.......dady yen para nayga padha masuk angin cukup diombeni kringete Gatotkoco malah dadi saras warasipun. Wus samped hanggeniro ngagem busana sang Kaoconegoro sigra hanyeblakape sampur lan gejik siti kaping tiga sigra mlesat ngambah ing gegana sumusup ing mega hima himantaka........(terus diringi gending Sampak). BELAJAR MENDHALANG |
AuthorHangleluri Budaya Jawi Kang Adi Luhung. Ayo sinau Pedhalangan, aja nganti wong liyo nagara kang luwuh getol sinau pedhalangan Archives
March 2018
Categories |