Saking tembung lingga utawi wantahipun among saget ugi emong pramila para kadang suresna budaya pamong punika jembar sanget menawi dipun werdikaken krana ngemu suraos Pengayom Pamomong ugi saget dipun pinangkani pengurusing satunggaling tatanan wewengkon kaprajan kados ta Lurah.
Wondene hambeg darma wataking pamong inggih punika kedah :
1.Melu mangun nguri-uri tataning bebrayan miturut kwadhange sowang - Sowang pinangka pertandha bektining pamong marang kang Murbeng Dumadi.
2,Angagem wewaton "Ing ngarsa sung Tuladha : menawa ana ngarep kedah paring suka sih patuladhan Ing madya mangun karsa
Yen manawi wonten ing madya (tengah)kedah ndherak ngecakaken sarta anggugah karekating para bebrayan.Tut wuri Handayani,Menawi ing pungkur utawi wingking kedah ndherek sarta anyurung sarta merbawani ugi tansah ngrumeksa.
3.Waspada Purba Wasesa
Waspada ngawat-awati sarta analiti krana sawenehing pamong punika pinangka tyang sepuh Bapa ugi Guru ingkang dharbe kuwasa tumrap andhahn sumrambah para kawulanipun.ugi tansah wicaksana adil tumindak ing samukawisipun.
4.Hambeg Parama Warta
Kedah saget milah pundi ingkang den wigatosaken ingkang dipun tengenaken krana Pamong wajib lan wenang netepaken sdaya pakarti wondene sdaya ingkang sampun lumampah pamong wajib nanggel jawab .
5.Gemi Nastiti
Pamong ugi tansah amatesi anggenipun ngginakaken prabea ing sedaya prekawis ingkang sedaya wau murih dados tumanja saha migunani .ngawekani sdaya redana ingkang tanpa piguna.
6.PRASAJA
sdaya ingkang dipun tindakaken sipating pamong kedah mawi kaprasajan np wontenipun .
Prasaja mboten ateges miskin anamung kedah jumboh kalian kawontenan.
7.Sumadya Amarisake
Menawi sampun ndhungkap wahyaning mangsakala amsrahaken tanggel jawabipun kalayan calon ingkang gumanti kanthi manah lila legawa tumusing batos
8,TINARBUKA
Sumadya nampi dhateng wawasanipun liyan ingkang asipat becik lan ambangun sunaosa sumbering wawasan mijil saking andhahanipun pyambak kedah tinampi kanthi wenganing tyas.
9.Misungsung Patuladhan enggal ingkang dipun selarasaken dhateng kabetahanipun Bebrayan.
Kayektos bilih pamong pnika dereng cekap menawi namung paring suka pitedah twin ngandaraken anamung saksaged ugi kanthi pakarti ingkang nyata miraos dados pepajaring bebrayan.Jinarak sipating pamong kedah anggadhahi papan ingkang mligi wonten sanubarining para warga.Pramila sdaya patuladhan ingkang smpun kparingaken tnsah tinampi becik kanthi gambiraning manah para warga.
Kanthi sarana mkaten wau para warga saget gumregah.